Khutbah Idul Adha ini mengajarkan kita banyak hal. Termasuk di antaranya rasa perikemanusiaan dan "perikehewanan". Melalui dua hal ini, selain menambah syukur kita kepada Allah swt, ibadah kurban juga menjadikan kita lebih menghargai dan menghormati kepada sesama makhluk-Nya.
Teks berjudul "Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa 1447 H: Makna Kurban lan Pentinge Perikemanusiaan" ini dapat dicetak dengan mengklik ikon print merah di atas atau di bawah artikel (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat! (Redaksi).
Khutbah I
اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِذَبْحِ الْأُضْحِيَّةِ. وَبَلَغَنَا إِلَى هٰذَا الْيَوْمِ مِنْ عَشْرِ ذِي الْحِجَّةِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللّٰهُ ذُوْ رَحْمَةٍ وَاسِعَةٍ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ تُرْجَى مِنْهُ الشَّفَاعَةُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ الرَّحْمَةِ، وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ ذَوِي الْعُقُوْلِ السَّلِيْمَةِ، صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ، أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللّٰهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ كَذٰلِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ ۗ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ
اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، وَللهِ الْحَمْدُ
Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat, jamaah shalat Idul Adha rahimakumullah,
Sedaya puji namung kagunganipun Allah ta’ala, ingkang sampun maringi kita kathah kanugrahan, ngantos kita mboten saget ngetung sedaya peparing saking Allah ingkang sampun kita tampi. Langkung-langkung wonten ing dinten menika, kita pinaringan nikmat, arupi awak ingkang sehat wal afiat lan ati kang bungah.
Langkung-langkung arupi nikmat iman lan islam, ingkang mugi-mugi saget kita jaga ngantos dumugi akhir gesang kita. Pramila, sedaya nikmat punika mangga kita syukuri kelawan lisan, ati, saha tumindhak becik. Mugi-mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang syukur dhateng Allah Ta’ala.
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan ninda'ake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita sedaya kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dhawuhipun Allah Ta'ala:
وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ
Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (QS Al Baqarah: 197).
اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ لَآ اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jamaah shalat Idul Adha ingkang minulya
Ing dinten punika lan ugi ngantos dumugi dinten-dinten tasyrik, umat Islam dipun dipun perintah supados nyembelih kewan kurban. Sejarah saking ibadah kurban, kawitan nalika Nabi Ibrahim as pikantuk préntah saking Gusti Allah swt, supados nyembelih putranipun ingkang asma Ismail as.
Kanthi iman kang teteg marang Gusti, préntah punika dipun laksanaake Nabi Ibrahim. Alhamdulillah Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail saget lulus saking ujian. Nabi Ismail mboten sios disembelih, ananging Gusti Allah paring tebusan ngijoli putra mahu kelawan wedhus gibas saking Swarga, minangka dadi kurbane Nabi Ibrahim as.
Gusti Allah ugi netepake anane pangalembana marang Nabi Ibrahim as ana ing umat-umat akhir, ngantos dumugi sakniki, kelawan ibadah kurban. Saking ibadah kurban ugi kita saget angsal kathah hikmah lan pelajaran.
Salah setunggale hikmah utawi pelajaran saking Ibadah kurban punika, ngajarke marang kita ing semangat perikemanusiaan. Wonten ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), perikemanusiaan dipun maknani kados mekaten: sifat-sifat yang layak bagi manusia, seperti tidak bengis, suka menolong, dan bertimbang rasa.
Sifat punika selaras kalian tujuan saking ibadah kurban, inggih punika supados kita saget saling berbagi rasa bungah punika marang sepadha, khususipun dhumateng para tiyang fakir lan miskin. Kados dhawuhipun Gusti Allah swt wonten ing Al-Qur'an:
فَكُلُوا مِنْهَا وَأَطْعِمُوا الْبَائِسَ الْفَقِيرَ
Artosipun: "Mangka mangana sira kabeh saka raja kaya, lan aweha panganan sira kabeh ing wong kang fakir banget," .(QS Al Hajj ayat 28).
Wonten ing Tafsir Al Ibriz Juz 17 kaca 1068, KH Bisri Mustofa maringi keterangan, bilih nalika idul kurban, cara kita ngedalaken raos syukur dhumateng Allah, kajaba dipun wujudaken kanthi nyembelih raja kaya kaya dene unta, sapi, lan mendha ugi dipun wujudaken kanthi berbagi daging kurban punika kalian tiyang sanes, khususipun wong-wong kang fakir.
Kanthi pembagian daging kurban ingkang dilandasi rasa kamanungsan saha semangat berbagi lan gotong royong punika, insyaallah saget ndadosaken guyub ing warga lan masyarakat. Punika hal ingkang penting sanget, khususipun kangge ngadepi kahanan zaman kados sakniki.
اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ اَللّٰهُ أَكْبَرُ لَآ اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ، وَاللّٰهُ أَكْبَرُ، اَللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ
Jamaah shalat Idul Adha ingkang minulya
Kajaba Ibadah nyembelih kewan kurban punika ngajarke kita ing semangat perikemanusiaan, ugi ngajarke kita ing semangat "perikehewanan". Istilah punika tentu mboten saget kita tingali ing KBBI. Sebab istilah punika namung setunggal ibarat kangge kita, supados ugi mulyaake ing makhlukipun Gusti Allah, termasuk inggih punika marang kewan kurban.
Tegesipun kita ugi kedhah nggatekake ing perasaan saking kewan lan mboten angsal nyiksa. Wonten ing salah setunggal hadits ingkang dipun riwayatake saking Abu Ya'la Syaddad bin Aus radhiyallahu 'anhu, Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring dhawuh:
إِنَّ اللهَ كَتَبَ الإِحْسَانَ عَلَى كُلِّ شَيءٍ. فَإِذَا قَتَلْتُمْ فَأَحْسِنُوْا اْلقِتْلَةَ، وَإِذَا ذَبَحْتُمْ فَأَحْسِنُوْا الذِّبْحَةَ، وَلْيُحِدَّ أَحَدُكُمْ شَفْرَتَهُ، وَلْيُرِحْ ذَبِيْحَتَهُ
Artosipun, "Saktemené Allah iku wis ngwajibaké supaya padha tumindak becik marang sapadha padha titah, Nalikané sira maténi, tindakna kanthi cara kang becik. Nalika sira nyembeléh (kewan), tindakna kanthi cara kang becik uga, prayoga sira nglandhepaké gaman lan gawe seneng kewan kang bakal di sembeléh." (HR Imam Muslim).
Wonten ing kitab Majmu’ Syarah al-Muhadzab, juz IX kaca 97-98, Imam An-Nawawi sampun maringi keterangan adab-adab nalika nyembelih kewan. Ingkang pertama lan kaping kalih, pisau utawi alat sembelihan kedhah landhep, supados proses penyembelihan saget lancar lan kewan ingkang disembelih mboten ngrasa lara kang banget utawa suwe. Lajeng nalika nyembelih, ditarik kanthi kuat.
Ingkang kaping tiga, kewan kurban dipun adepke ing arah kiblat. Ingkang kaping papat, nalika ngasah lading supaya landhep, ampun diasah ing sandinge kewan kurban. Sebab perkawis mekaten saget ndadekake kewan stres utawi ugi saget nyiksa perasaane kewan.
Lajeng ingkang terakhir inggih punika, paring pakan marang calon kewan kurban, supayane kewan kurban mau sehat lan mboten stres. Menikalah, sebagian saking tata carane ing dalem kita ngapiki marang kewan kurban, miturut keterangan saking ulama.
Jamaah shalat Idul Adha ingkang minulya Saking ibadah kurban, kita saget sinau ing dalem ngajeni marang sedaya makhlukipun Gusti Allah. Ing akhiripun, saking ibadah kurban menika, kita saget dados tiyang ingkang takwa lan syukur marang Gusti Allah. Wonten ing Al-Qur'an Surat Al-Hajj ayat 37, Gusti Allah paring pangalembana marang wong kang gelem nindakake kurban kerana Gusti Allah:
وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ
Artosipun, "Bebungaha sira, wing wong-wong kang gawe bagus (padha nyawijiake marang Gusti Allah Ta'ala)." (Tafsir Al-Ibriz, juz XVII, kaca 1074).
Mugi-mugi-mugi Gusti Allah nampi sedaya amal ibadah kita, khususipun tiyang muslimin lan muslimat ingkang saget nindakaken ibadah kurban. Mugi-mugi sedaya wau, saget nuwuhaken rasa syukur kita marang Gusti Allah swt. Amin.
جَعَلَنَا اللَّهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِينَ وَالْفَائِزِينَ وَالْمَقْبُولِينَ كُلَّ عَامٍ وَأَنْتُمْ بِخَيْرٍ. آمِينَ
بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَٰنِ الرَّحِيمِ، وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ. وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ
Khutbah II
اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ. اللهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ
الحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقَهُ الْقُرْآنُ
أَمَّا بَعْدُ، فَأُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللّٰهِ عَزَّ وَجَلَّ وَاتَّقُوا اللهَ تَعَالَى فِي هَذَا الْيَوْمِ الْعَظِيمِ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الطَّيِّبِيْنَ، وَارْضَ اللّٰهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِينَ، أَبِي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ، وَعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ الصَّالحينَ
اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ، اللّٰهُمَّ اجْعَلْ عِيدَنَا هَذَا سَعَادَةً وَتَلاَحُمًا، وَمَسَرَّةً وَتَرَاحُمًا، وَزِدْنَا فِيهِ طُمَأْنِينَةً وَأُلْفَةً، وَهَنَاءً وَمَحَبَّةً، وَأَعِدْهُ عَلَيْنَا بِالْخَيْرِ وَالرَّحَمَاتِ، وَالْيُمْنِ وَالْبَرَكَاتِ، اللّٰهُمَّ اجْعَلِ الْمَوَدَّةَ شِيمَتَنَا، وَبَذْلَ الْخَيْرِ لِلنَّاسِ دَأْبَنَا، اللّٰهُمَّ أَدِمِ السَّعَادَةَ عَلَى وَطَنِنَا، وَانْشُرِ الْبَهْجَةَ فِي بُيُوتِنَا، وَاحْفَظْنَا فِي أَهْلِينَا وَأَرْحَامِنَا، وَأَكْرِمْنَا بِكَرَمِكَ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ، وَأَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ مَعَ الْأَبْرَارِ، يَا عَزِيزُ يَا غَفَّارُ
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ، وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ، عِيْدٌ سَعِيْدٌ وَكُلُّ عَامٍ وَأَنْتُمْ بِخَيْرٍ
Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali

3 jam yang lalu
3





English (US) ·
Indonesian (ID) ·