Khutbah Bahasa Jawa: Wejangan Jaga Kamardikan Bangsa saking KH A Wahid Hasyim

1 jam yang lalu 2

Bulan Agustus menjadi momen istimewa bagi bangsa Indonesia. Pada bulan tersebut kita memperingati Hari Kemerdekaan, yang telah diperjuangkan oleh para pahlawan. Tugas kita sekarang adalah untuk menjaga kemerdekaan ini dengan kebaikan serta berupaya dalam semangat menjaga kerukunan dan persaudaraan, seperti yang pernah disampaikan oleh Allahyarham KH A Wahid Hasyim.

Teks Khutbah Bahasa Jawa berikut ini dengan judul "Wejangan Jaga Kamardikan Bangsa saking KH A Wahid Hasyim". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!

Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُاا كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ  قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْاۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala.
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal." (QS Al Baqarah: 197).
 

Sidang Jumat rahimakumullah
Wulan Agustus dados wulan ingkang istimewa kagem sedaya bangsa Indonesia. Sebab, wonten ing wulan punika, khususipun ing tanggal 17 Agustus, kita sedaya, rakyat Indonésia mèngeti Dinten Proklamasi Kamardikan Indonesia.
 

Anggenipun mengeti kanugrahan kamardikan bangsa Indonesia punika, ugi kedah dipun sartani kanthi raos syukur. Sebab kanthi, ngedalaken raos syukur punika, insyaallah Gusti Allah swt bakal paring tambahing nikmat. Dhawuhipun Gusti Allah wonten ing Al-Qur'an:
 

وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ
 

Artosipun, "Lan elinga, nalika Gusti Allah meruhake marang sira kabeh kang surasane: Sayektine yen sira kabeh padha syukur, Ingsun (Allah) mesti paring tambahan nikmat marang sira kabeh. Lan menawa sira kabeh padha kufur. Awas! saktemene siksa Ingsun (Allah) iku banget larane." (QS Ibrahim ayat 7).
 

Pramila, supados kita angsal tambahe peparing nikmat lan tebih saking siksane Gusti, manggaha kita tansah padha syukur. Bilih nikmat saking Allah menika arupi kathah sanget. Salah setunggale inggih punika nikmat kita sedaya dipun dadosaken tiyang utawi bangsa ingkang merdeka.
 

Jamaah Jumat ingkang minulya
Caranipun kita syukur, saget kita lampahi kanthi nindakake ing dalem jaga kamardikan bangsa punika. Pahlawan Nasional kita, Allahyarham KH Abdul Wahid Hasyim, nate paring pangandikan ingkang kaitanipun kalian semangat jaga kamardikan punika.
 

Piyambakipun, ingkang pertama maringi wejangan, khususipun kanggone umat Islam punika, supados tansah ngugemi ajaran Islam. Sebab rumiyin, kamardikan bangsa Indonesia punika, saget dipun rebut sebab ngugemi semangat lan tuntunan ing agami.
 

أَنَّنَا نَحْنُ الاُمَّةُ الْاِسْلَامِيَّةُ الْاِنْدُوْنِسِيَّةُ كُنَّا مُنْذُ سَنَوَاتٍ مَضَتْ نُرْسِفُ تَحْتَ قُيُوْدِ الْاِسْتِعْمَارِ وَالْاِسْتِعْبَادِ. فَجَاهَدْنَا بِكُلِّ مَا أُوْتِيْنَا مِنْ قُوَّةٍ ضِدُّ هٰؤُلَاءِ الْمُسْتَعْمِرِيْنَ. عَمِلْنَا ذَلِكَ طَبَقًا لِتَعَالِيْمِ دِيْنَنَا الْاِسْلَامَ. بِاَنَّ الْاِسْتِعْمَارَ ظُلْمٌ وَفَسَادٌ تَجِبُ مُحَارِبَتَهُ وَالْعَمَلُ لِتُقَيِّضُ اَرْكَانَهُ
 

Artinya, "Nalika rumiyin, kita umat Islam (bangsa) Indonesia dipun jajah kalian kolonial. Banjur kita berjuang, nglawan penjajah lan kolonial. Kita saget nindakake kang mengkunu iku, sebab nglampahi ajaran-ajaran Islam. Bilih kolonialisme lan penjajahan, iku kabeh zalim lan gawe kerusakan ingkang kedah dipun basmi lan diresiki ngantos dene sak oyot-oyote." (Aboebakar, Sedjarah Hidup KHA Wahid Hasjim dan Karangan Tersiar, [Jakarta, Panitya Buku Peringatan alm. KHA Wahid Hasjim: 1957], kaca 769-777).
 

Mula, ayo kita sampun ngantos padha ninggal ajaran Islam. Khususipun ing wayah akhir zaman punika. Bilih ajaran Islam punika, kajaba dados semangat ing dalem perjuangan kamardikan, ugi dados cekelan kita supaya slamet ing dunya lan akhirat. Caranipun kita nguri-nguri agami Islam punika, kanthi kita tansah nyinaoni ilmu agamai lan ngamalaken ajaranipun.
 

Jamaah Jumat ingkang minulya
Wejangan ingkang kaping kalih, ingkang dipun ngendikaaken saking Kiai Wahid Hasyim, inggih punika supados kita tansah jaga kerukunan lan paseduluran. Sampun kita mangertosi, bilih Gusti Allah ta’ala nyiptaake sedaya makhluk, kang kabeh mau gadahi sifat kang beda-beda. Wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Hujurat ayat 13:
 

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْاۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ
 

Artosipun: “Hei, para manungsa, saktemene Ingsun (Allah) iku nitahake sira kabeh saking wong lanang (Nabi Adam as) lan wong wadon (Siti Hawa). Lan Ingsun ndadeake sira kabeh, dadi pirang-pirang bangsa lan kabilah (suku), supaya sira kabeh padha kenal-mengenal. Sejatine kang luwih mulya saking sira kabeh mungguhe Allah, yaiku wong kang luwih takwa. Saktemene Allah iku Maha Pirsa saha Maha Waspada.”
 

Wonten ing ayat punika dipuntegesaken bilih Allah ta’ala ndadosaken macem-macem menungsa, mboten namung beda fisik kados dene rambut, warna kulit, utawi gedhe cilike awak. Nanging ugi beda ing dalem pemikiran, pendapat, lan pemahaman.
 

Kanthi jaga paseduluran, ugi saget nuwuhaken kekuatan umat lan bangsa. Punika selaras kalian pangandikanipun saking Kanjeng Nabi Muhammad saw:
 

الْمُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِ كَالْبُنْيَانِ يَشُدُّ بَعْضُهُ بَعْضًا
 

Artinya, “Tiyang mukmin siji keduwe wong mukmin kang liya, iku kaya dene bangunan, kang padha nguatke bagian siji marang bagian liyane.” (HR Muslim).
 

Bilih ing dalem kita jaga paseduluran, mboten ateges namung kangge sedulur kandung utawi tunggal trah, ananging ugi sedulur ing dalem tunggal agama (ukhuwah Islamiyah), tunggal bangsa (ukhuwah wathaniyah), lan tunggal utawi padha menungsane (ukhuwah basyariah).
 

Sidang Jumat rahimakumullah
Kanthi semangat jaga kerukunan lan paseduluran bangsa punika, mugi saget dados wasilah pinaringan pangapura saking Gusti Allah swt. Dhawuhipun Rasulullah saw:
 

يَطَّلِعُ اللهُ عَلَى خَلْقِهِ لَيْلَةَ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ فَيَغْفِرُ لِجَمِيْعِ خَلْقِهِ اِلَّا لِمُشْرِكٍ أَوْ مُشَاحِنٍ
 

Artosipun: "Gusti Allah swt bakal ningali marang kabeh makhluke, nalika wayah dalu ing pertengahan wulan Sya’ban. Mangka Gusti Allah bakal paring pangapura, marang kabeh makhluke, kajaba wong kang musyrik lan ora rukun (karo sedulure)." (HR At-Thabarani).
 

Punika selaras kalian pangarep-arep, supados negara Indonesia dados negara ingkang baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur. Negeri ingkang gemah ripah loh jinawi, ingkang tebih saking sedaya balak lan musibah.
 

Kangge mungkasi khutbah menika, mangga kita tansah dedunga mugi Gusti Allah, tansah ndadosaken masyarakat ing kampung kita, saha negara Indonesia pinaringan rukun aman lan tentrem. Lan mugi-mugi kita sedaya angsal keberkahan ing wulan kamardikan menika. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
 

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.  اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
 

عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali.

Baca Artikel Selengkapnya