Khutbah Bahasa Jawa: Tanggungjawab ​​​​​​​Pemerintah ​​​​​​​ing Perkara Kebakaran Hutan lan Kesusahane Rakyat

3 hari yang lalu 11

Kebakaran hutan yang terjadi di beberapa daerah di Indonesia, sangat merugikan terhadap lingkungan di sekitarnya. Polusi asap, gangguan penglihatan dan kesehatan, dampak ekonomi lain sebagainya, yang mestinya menjadi kewajiban pemerintah untuk bertanggungjawab dalam upaya pemulihannya. Hal lain yang tak kalah penting, yakni kebijakan dari pemerintah agar kasus yang sama tidak terjadi kembali, terlebih jika hutan yang terbakar justru berawal dari ulah tangan manusia ataupun perusahaan.
 

Teks khutbah berikut ini berjudul "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Tanggungjawab Pemerintah Perkara Kebakaran Hutan lan Kesusahane Rakyat". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat.

Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: ظَهَرَ الْفَسَادُ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ اَيْدِى النَّاسِ لِيُذِيْقَهُمْ بَعْضَ الَّذِيْ عَمِلُوْا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197).
 

Sidang Jumat rahimakumullah

Kita sedaya sampun pirsa, bilih ten seperangan wilayah ten Indonesia ingkang nembe nandang musibah kebakaran hutan. Dampak saking kebakaran hutan utawa alas punika kathah sanget, mboten namung ngobong wit-witan, ananging ugi berdampak utawi ngrugiaken makhluk lan lingkungan ing sekitare.
 

Kaya dene kewan-kewan kang urip ing alas, lajeng asap ingkang ganggu kesehatan manungsa lan makhluk-makhluk liyane, dampak sosial ekonomi, lan sanesipun, ingkang sedaya punika terdampak saking kebakaran hutan.
 

Ingkang dados raos prihatin ugi, kebakaran hutan punika kadang-kadang dipun sebabke, malah saking tangane para manungsa. Kados dene dhawuhipun Gusti Allah swt ing Al-Qur'an:
 

ظَهَرَ الْفَسَادُ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ اَيْدِى النَّاسِ لِيُذِيْقَهُمْ بَعْضَ الَّذِيْ عَمِلُوْا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ
 

Artosipun, "Wis pertela, kerusakan-kerusakan ana ing daratan lan lautan, iku sebab tindakane tangane manungsa. (Kerusakan kang kaya mengkunu iku) supaya wong-wong iku padha ngerasaake akibate sebagian saking amal perbuatane, mbok menawa dheweke iku bisa bali (taubat)," (QS Ar-Rum ayat 41).
 

KH Bisri Mustofa wonten ing Tafsir Al-Ibriz, juz XXI kaca 1395, maringi keterangan bilih kerusakan ing jagad punika, amerga saking tindak tanduke manungsa. Saged saking tindakane tangane manungsa, kaya dene wong utawa perusahaan kang ngobong alas uta mbuwang sampah ing kali kang nyebabke banjir, lan liya-liyane.
 

Bisa uga, jalaran tindak tanduke manungsa sebab maksiat marang Gusti Allah. Ing akhire Gusti Allah nurunake ujian utawa musibah, supaya para manungsa iku padha gelem bali utawa taubat lan mikir utawa sadar marang kesalahane.
 

Jamaah Jumat ingkang minulya

Wonten ing kasus kebakaran hutan ten Kalimatan lan Sumatera, kita saget ningali, kajaba faktor alam utawi mangsa katiga, ugi dipun sebabke kalian tindakan tangane manungsa utawi perusahaan kanggo buka lahan kebon.
 

Pramila, penting sanget wonten peran lan tanggungjawab saking pemerintah ing perkara kebakaran hutan punika. Pertama, pemerintah wajib paring ketegasan utawa hukuman kanggone perusahaan kang nglanggar aturan punika.
 

Larangan pembukaan lahan kanthi cara ngobong punika gadahi dasar hukum kang tegas ing dalam Pasal 69 ayat (1) huruf h UU Nomor 32 Tahun 2009 tentang Perlindungan dan Pengelolaan Lingkungan Hidup (UU PPLH) ingkang melarang pembukaan lahan kanthi cara ngobong.
 

Menawi sampun kedadeyan kados dene ing Kalimantan lan Sumatera punika, kamangka pemerintah wajib bertanggungjawab. Mboten namung paring hukuman kanggone oknum perusahaan ingkang sampun nglanggar, ananging ugi nggatekake warga lan lingkungan ingkang terdampak saking kebakaran punika.
 

Wonten ing babagan punika, Kanjeng Nabi Muhammad saw ugi sampun paring dhawuh:
 

أَلَا كُلُّكُمْ رَاعٍ وَكُلُّكُمْ مَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ فَالْإِمَامُ الَّذِي عَلَى النَّاسِ رَاعٍ وَهُوَ مَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ
 

Artosipun, "Hei padha dieling-eling, sliramu kabeh iku dadi pemimpin lan bakal ditakoni/dijaluki pertanggungjawaban saking perkara kang den pimpin. Pemimpin (pemerintah) kang mimpin ingatase rakyate, bakal dijaluki pertanggungjawabane saking perkara kang den pimpin," (HR Bukhari).
 

Ing dalem damel kebijakan, pemerintah ugi kedah ndisikke kemaslahatan rakyate. Kados dene keterangan ing kitab al-Asybah wa an-Nazha’ir kaca 121:

تَصَرُّفُ الْإِمَامِ عَلَى الرَّعِيَّةِ مَنُوطٌ بِالْمَصْلَحَةِ
 

Artosipun, “Kebijakan pemimpin ingatase rakyate iku kudu manut kelawan kemaslahatan.”
 

Pramila, ing dalem perkara penanganan kebakaran hutan utawi bencana sanesipun, pemerintah wajib nggatekaken warga utawi lingkungan ingkang nampa kerugian. Bantuan kesehatan, sosial, ekonomi ugi sanesipun wajib dipun paringake ing warga kang mbetahake.
 

Jamaah Jumat ingkang minulya

Menikalah sekedik ingkang saget dipun aturaken, supaya pemerintah gadahi kesadaran lan rasa tanggungjawab nalika wonten kedadeyan kados dene kebakaran hutan. Tentunipun, ingkang sae menawi saged mencegah kedadeyan punika kanthi kebijakan ingkang ndisikake kemaslahatan saking rakyate. Mboten malah ngaboti marang kepentingan perusahaan lan sanesipun, ingkang saged marakke kerusakan lan kerugian.
 

Kangge mungkasi khutbah menika, mangga kita tansah dedunga mugi Gusti Allah, tansah ndadosaken masyarakat ing kampung kita, saha negara Indonesia punika pinaringan berkah. Lan mugi-mugi kita sedaya, dipun tebihaken saking sedaya balak lan musibah. Amin ya Rabbal 'alamin.
 

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
 

Khutbah II
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ
 

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
 

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
 

عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
 

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali.

Baca Artikel Selengkapnya